Wonten ing wekdal ingkang sahe
punika kula ngajak dumateng pribadi kula piyambak lan ugi dumateng panjenengan
sedaya, mangga wonten saklebetipun gesang ing ngalam dunyo punika tansah
nindaaken taqwa dumateng Allah SWT. sahe wonten ing wekdal rupek utawi jembar, remen
utawi susah, wonten ing papan ingkang sepi utawi rame supados kita kalebet golonganipun
tiyang-tiyang ingkang bejo. Wilujeng dunyo akherat saha pikantuk Ridhonipun
Allah SWT…Allahuma Amin.
Jamaah Jum’ah rahimakumullah.
Menawi kita gatosaken wonten ing
dunyo punika kathah margi (aliran) ingkang maneko warni corak lan modelipun. Margi
wahu dipun sebat margining gesang (dalaneng urip). Ananging sakjatosipun
margining gesang kala wau namung setunggal ingkang leres lan dipun Ridhoi
dining Allah SWT. inggih punika marginipun Allah ingkang kawastanan
Shirotolmustaqim. Inggih menika Agami Islam kanthi kaffah (sampurna). Gusti Allah sampun dawuh.
Lan saktemene yo iki dalan ingsun
kang jejeg, mula soko iku siro pada manuta marang dalan iki. Lan ojo manut
dalan sakpirang pirang sakliyane dalan ingsun iki. Awit yen nganti mengkana
sira mesti bakal kesasar songko dalane Allah. Mengkono iku den dawuhke Allah
maring siro kabeh, supaya sira dadi wongkang taqwa maring Allah.
Jamaah Jum’ah rahimakumullah.
Miderek ayat punika sansoyo jelas
soho gamblang bilih margining gesang ingkang dipun ambah deneng manungso ing
ngalam dunyo punika kathah sanget macam, corak saha modelipun. Lan kita dipun
dawuhi ngambah mergi ingkang setunggal, mergi ingkang leres inggih punika
Shirotholmustaqim utawi agami islam kanthi sampurna lan murni, sampun ngantos
kecampuran faham-faham utawi lampahan ingkang nyebal saking garis-garis utawi
tuntunanning agami ingkang sampun wonten ing kitab suci Al Quran saha
Hadis-hadisipun kanjeng nabi Muhammad SAW.
Gusti kanjeng nabi sampun dawuh:
Ingsun ninggalake perkara loro
maring siro kabeh, kang siro kabeh ora bakal kesasar selagine sira kabeh tansah
cecekelan marang perkara loro mahu. Perkara loro mahu yoiku kitab Allah (Al
Quran) lan Sunnah –sunah utusane Allah (Hadist)
Agami Islam punika minangka
marginipun Allah ateges Gusti Allah mboten damel margining gesang kangge manungso kejawi namung agami
Islam.
Pramila mangga kula ngajak dumateng
pribadi kula dalasan panjenengan sedoyo, langkung sakestu anggenipun cecepengan
dateng Agami Islam kanthi ngajak dateng keluarga saha garwo putra kita. Sampun
ngantos kita selaku kepala keluarga, utawi calon kepala keluarga justru
pangertosan babagan agami Islam taksih kirang. Supados keluarga kita nggadhahi
agami islam kanthi kuat,pramila dados kewajiban kita nuntun lan ngajak dhateng
garwa putra supados purun nambahi pangortosan babagan agami islam kanthi
tememen.
Sampun ngantos kita selaku umat
Islam isuk, sore, awan, wengi namung tansah ketungkul perkawis ndonyo, ndonyo,
ndonyo lan ndonyo. Ngantos supe yen kita
bakal sedo, lan bakal dipun suwuni perso, pertanggungjawaban kelakuan kita ing
ndonyo, dining Allah ingkang maha kuasa. Sahe pertanggungjawaban babagan
amal pribadi kita, tuwin anak saha garwo kita…nangudzubillah.
Jamaah Jum’ah rahimakumullah.
Kagem ngakhiri khotbah punika kita aturaken prinsip gesang ingkang sampun dipun dawuh aken Allah wonten
ing Al Quran surat Qashash ayat 77.
1. Prinsip gesang ingkang nomer
setunggal ngutamaaken kebahagiaan gesang
ing akherat
Perlu kita pahami bilih Allah SWT
sampun dawuh ngutamaaken kebahagiaan akherat (wabtaqi fiima ataka Allahu darol
akherat)punika mboten ateges kebahagiaan dunia dipun supeaken (walaa
tansya nasibaka minaddunya) ananging kita kedhah memprioritaskan/mentingaken
ngupadi kebahagiaan akherat.
2. Prinsip gesang ingkang nomer
kaleh Wa ahsin kama ahsana Allahu ilaika
Tansah tumindak sae dumateng tiyang
sanes kados dene Allah sampun tumindak sahe dumateng kita.
SubhannaAllah……dahibo indahipun
dunyo punika, ayem tentrem gesang kita lan temtu mboten wonten istilah
pasulayan, padudon, jothaan lan sanes-sanesipun menawi saben-saben manungsa
purun nglampahi prinsip ahsin dumateng
tiyang sanes . Ateges saben-saben manungsa tansah maes-maesi diri pribadinipun
kelawan tumindak kesaenan dumateng tiyang sanes ing dalem nglampahi
panggesangan saben dintenipun.
3. walaa tabghil fasada fil ardh Inggih punika prinsip “mboten damel
kerusakan”.
Jamaah jumah rohimakumuAllah…
Dumadosipun kerusakan alam,
kerusakan moral saha kerusakan tatanan panggesangan wonten ing masyarakat
punika lantaran san soyo kathahipun tiyang ingkang sami supe dumateng maksud
lan tujuan gesang ing nglam dunyo punika. Saha supe bilih kita gesang ing dunyo
punika bakal mempertangungjawabkan sedaya perbuatan kita ing akherat
sakmangkih.
Pramila mongga kita sesarengan
nyuwun dumateng Allah SWT…Mugi kemawon Allah tansah paring pitulungan dumateng
kita, supados kita waget nglampahi gesang ing ngalam ndunyo punika kanthi
prinsip gesang ingkang sampun dipun dawuhaken Allah saha tansah saget netepi marginipun
Allah SWT inggih punika Agami Islam sahingga kita pinaringan Rahmat saha
Ridhanipun Allah SWT, bejo ndunyo bejo akherat. Amin amin yaa rabbal alamin.