Selasa, 08 Januari 2013

Khotbah Jumat basa jawa


Wonten ing wekdal ingkang sahe punika kula ngajak dumateng pribadi kula piyambak lan ugi dumateng panjenengan sedaya, mangga wonten saklebetipun gesang ing ngalam dunyo punika tansah nindaaken taqwa dumateng Allah SWT. sahe wonten ing wekdal rupek utawi jembar, remen utawi susah, wonten ing papan ingkang sepi utawi rame supados kita kalebet golonganipun tiyang-tiyang ingkang bejo. Wilujeng dunyo akherat saha pikantuk Ridhonipun Allah SWT…Allahuma Amin.
Jamaah Jum’ah rahimakumullah.
Menawi kita gatosaken wonten ing dunyo punika kathah margi (aliran) ingkang maneko warni corak lan modelipun. Margi wahu dipun sebat margining gesang (dalaneng urip). Ananging sakjatosipun margining gesang kala wau namung setunggal ingkang leres lan dipun Ridhoi dining Allah SWT. inggih punika marginipun Allah ingkang kawastanan Shirotolmustaqim. Inggih menika Agami Islam kanthi kaffah (sampurna). Gusti Allah sampun dawuh.





Lan saktemene yo iki dalan ingsun kang jejeg, mula soko iku siro pada manuta marang dalan iki. Lan ojo manut dalan sakpirang pirang sakliyane dalan ingsun iki. Awit yen nganti mengkana sira mesti bakal kesasar songko dalane Allah. Mengkono iku den dawuhke Allah maring siro kabeh, supaya sira dadi wongkang taqwa maring Allah.

Jamaah Jum’ah rahimakumullah.
Miderek ayat punika sansoyo jelas soho gamblang bilih margining gesang ingkang dipun ambah deneng manungso ing ngalam dunyo punika kathah sanget macam, corak saha modelipun. Lan kita dipun dawuhi ngambah mergi ingkang setunggal, mergi ingkang leres inggih punika Shirotholmustaqim utawi agami islam kanthi sampurna lan murni, sampun ngantos kecampuran faham-faham utawi lampahan ingkang nyebal saking garis-garis utawi tuntunanning agami ingkang sampun wonten ing kitab suci Al Quran saha Hadis-hadisipun kanjeng nabi Muhammad SAW.
Gusti kanjeng nabi sampun dawuh:
 
 Ingsun ninggalake perkara loro maring siro kabeh, kang siro kabeh ora bakal kesasar selagine sira kabeh tansah cecekelan marang perkara loro mahu. Perkara loro mahu yoiku kitab Allah (Al Quran) lan Sunnah –sunah utusane Allah (Hadist)

Agami Islam punika minangka marginipun Allah ateges Gusti Allah mboten damel margining  gesang kangge manungso kejawi namung agami Islam.
Pramila mangga kula ngajak dumateng pribadi kula dalasan panjenengan sedoyo, langkung sakestu anggenipun cecepengan dateng Agami Islam kanthi ngajak dateng keluarga saha garwo putra kita. Sampun ngantos kita selaku kepala keluarga, utawi calon kepala keluarga justru pangertosan babagan agami Islam taksih kirang. Supados keluarga kita nggadhahi agami islam kanthi kuat,pramila dados kewajiban kita nuntun lan ngajak dhateng garwa putra supados purun nambahi pangortosan babagan agami islam kanthi tememen.
Sampun ngantos kita selaku umat Islam isuk, sore, awan, wengi namung tansah ketungkul perkawis ndonyo, ndonyo, ndonyo lan ndonyo. Ngantos supe yen kita bakal sedo, lan bakal dipun suwuni perso, pertanggungjawaban kelakuan kita ing ndonyo, dining Allah ingkang maha kuasa. Sahe pertanggungjawaban babagan amal pribadi kita, tuwin anak saha garwo kita…nangudzubillah.

Jamaah Jum’ah rahimakumullah.
Kagem ngakhiri  khotbah punika kita aturaken prinsip gesang  ingkang sampun dipun dawuh aken Allah wonten ing Al Quran surat Qashash ayat 77.






1. Prinsip gesang ingkang nomer setunggal ngutamaaken kebahagiaan gesang ing akherat
Perlu kita pahami bilih Allah SWT sampun dawuh ngutamaaken kebahagiaan akherat (wabtaqi fiima ataka Allahu darol akherat)punika mboten ateges kebahagiaan dunia dipun supeaken (walaa tansya nasibaka minaddunya) ananging kita kedhah memprioritaskan/mentingaken ngupadi kebahagiaan akherat.

2. Prinsip gesang ingkang nomer kaleh Wa ahsin kama ahsana Allahu ilaika
Tansah tumindak sae dumateng tiyang sanes kados dene Allah sampun tumindak sahe dumateng kita.
SubhannaAllah……dahibo indahipun dunyo punika, ayem tentrem gesang kita lan temtu mboten wonten istilah pasulayan, padudon, jothaan lan sanes-sanesipun menawi saben-saben manungsa purun nglampahi prinsip ahsin dumateng tiyang sanes . Ateges saben-saben manungsa tansah maes-maesi diri pribadinipun kelawan tumindak kesaenan dumateng tiyang sanes ing dalem nglampahi panggesangan saben dintenipun.

3. walaa tabghil fasada fil ardh Inggih punika prinsip “mboten damel kerusakan”.
Jamaah jumah rohimakumuAllah…
Dumadosipun kerusakan alam, kerusakan moral saha kerusakan tatanan panggesangan wonten ing masyarakat punika lantaran san soyo kathahipun tiyang ingkang sami supe dumateng maksud lan tujuan gesang ing nglam dunyo punika. Saha supe bilih kita gesang ing dunyo punika bakal mempertangungjawabkan sedaya perbuatan kita ing akherat sakmangkih.

Pramila mongga kita sesarengan nyuwun dumateng Allah SWT…Mugi kemawon Allah tansah paring pitulungan dumateng kita, supados kita waget nglampahi gesang ing ngalam ndunyo punika kanthi prinsip gesang ingkang sampun dipun dawuhaken Allah saha tansah saget netepi marginipun Allah SWT inggih punika Agami Islam sahingga kita pinaringan Rahmat saha Ridhanipun Allah SWT, bejo ndunyo bejo akherat. Amin amin yaa rabbal alamin.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar